Kalibareng - GOTONG ROYONG , RESIK-RESIK DALAN

GOTONG ROYONG , RESIK-RESIK DALAN

Ono ing Dino jumat kliwon wayah ba'do Sholat Jumat poro wargo Dusun Kalibareng seko Rt 01, Rt 02 lan Rt 03 podo  gotong Royong Resik Resik Dalan seng tumeko neng Deso. Ora ketinggalan ugo Bapak Lurah Kalibareng ugo poro Pamong  melu Mandegani onone Gotong Royong utowo Gugur Gunung seng di ayahi wargane.

Kanggo mrengeti dino kemerdekaan kang kaping pitung puluh lima  warso 2020 iki, tahun iki kanggo mengeti dino kemerdekaan  pancen bedo karo tahun wingi wingi amergo onone wabah CORONA seng durung redo.

Sakdurunge tahun iki mengeti hari kemerdekaan republik Indonesia akeh banget acoro kang  kanggo  nyemarakake , akeh lelomban , mbeber  kesenian kang ono neng  Deso . Malah kanggo panutupane  nganakake pengajian .

 

 

***


Dipost : 07 Agustus 2020 | Dilihat : 776

Share :