Kalibareng - NGURI NGURI ADAT RELIGI

NGURI NGURI ADAT RELIGI

TASYAKURAN MENGETI ISRA' MI'RAJ ROSULULLAH MUHAMMAD S.A.W. 27 RAJAB 1442 H 

Dusun Kalibareng . Desa Kalibareng .tlatah kecamatan Patean.

 Budoyo ingkang ngemu suraos kagemipun Umat Muslimin wal Mulimat sak indengeng  jagat agung. Gegayutan peristiwo  ISRO'  MI'RAJ  engkang dipun ayahi ROSULULLAH. Saking MASJIDIL  HARAM DUMUGI MASJIDIL AQSO.  Ugi Dipun minggahaken Dumugi SIDRORUL MUNTAHA.Deneng ALLAH. saking peristiwo puniko Ngemu pitutur agung tumprap kaum  Muslim ..awit saking Barokahipun gusti .

Wosipun Saking Peristiwo puniko  Rosulullah  dalah Umatipun dipun Perintahaken Sholat gangsal Wekdal.engkang HUKUMIPUN WAJIB kagemipun KAUM MUSLIMIN UGI MUALIMAT.  

Adat budoyo  ingkang sampun turun temurun  saking jaman kewalian dumugi sak puniko.  Mugi ndadosaken  Iman Taqwo kito sedoyo dateng Allah ugi Rusulipun .

   Rajaban utawi pengetan  ISRO' MI'RAJ  wonten tahun puniko langkung sak cekapipun keranten wonten ing kahanan ingkang kados mekaten ( PANDEMI COVID 19.)  Hanamung senahoso mekaten jama'ah Tasyakuran tetep nglaksanaķaken kanti khusuk.

Ingpangajab kanti mengeti utawi Rajaban puniko  keberkahan; kenikmatan , hidayah ,  saking ngarso dalem ALLAH tansah kajiwo kasaliro dumateng kito sedoyo. Ugi  mugi mugi wabah, penyakit engal sirno saking bumi Indonesia, AAMIIN .

 

*

*


Dipost : 11 Maret 2021 | Dilihat : 593

Share :