Kalibareng - NYADRAN ING DESO KALIBARENG

NYADRAN ING DESO KALIBARENG

ADAT BUDAYA NENG DESO KALIBARENG SENG IJEK LESTARI.

Adat istiadat neng deso Kalibareng sing isih lestari salah sijine iyo iku NYADRAN, poro wargo ono ing dino iki, jum'at kliwon suryo kaping 22 ono wulan Ruwah pitungan wulan jowo, utowo wulan Sa'ban Hijriyah. nganakake bersih Makom ono ing Makom SASONO PRALOYO seng ono ing Dusun Kalibareng Deso Kalibareng, Makom Sasono Praloyo engemu makno ( Sasono iku Panggonan, dene Praloyo iku ngemu makno Mati). SASONO PRALOYO iku ngemu makno panggonan mati.

  Kabeh poro wargo ono eng dusun Kalibareng, dusun Kemloko seperangan dusun Ngepos, kabeh melu bersih Makom seng dianakke seko pemerintah deso Kalibareng, kanggo nguri nguri adat budoyo seng ono awit biyen minongko warisane poro leluhur. Kepala Desa Kalibareng Bapak SUHARTOYO minongko engkang mengku puserane adil ono ing tlatah Kalibareng ugo melu ambyur ono ing makom melu bersih bersih bareng wargo.

Kegiatan iki awit biyen mulo wes di lakoni poro leluhur ing deso Kalibareng, mulo kanggone poro generasi penerus kudu njogo lan neruske warisan budoyo seng di tinggalke poro leluhur. Iku kanggo pekeleng kanggone poro wargo seng ijek urip ono Alam dunyo, supoyo ora lali seko SANGKAN PARANEG DUMADI.

Sesepuh Deso seng kawogan Ngiyarake Khajate poro wargo, ugo ngendiko wujut asung khurmat marang poro ahli Kubur ono ing Makom SASONO PRALOYO wujud nyotone bersih makom kanti ngowo pacul ugo aret, namung secoro batiniah poro Wargo pado ndongakake kanggo poro Ahli Kubur kanti nganakake TAHLIL babarengan, sakbadane rampung bersih-bersih.

Poro wargo ugo nganakake Tasyakuran seng awujud kupat lepet, bucu rasul, kanti ngemu kafruh kubat lepet iku makom Donggo ing pangajab kabeh keluputane poro Ahli kubur mogo di ngapuro Allah SWT. dene Bucu Rasul asung bekti marang Gusti rosul MUHAMMAD SAW. ing pangajab poro ahli Kubur pikantuk Syafa'at seko Junjungan kito Nabi MUHAMMAD SAW ono ing dino Akhirat.

Pungkasane Atur sesepuh Desa Kalibareng seng ngeyarake niat khajate poro wargo nenuwung marang Gusti ( ALLAH ) mogo-mogo poro ahli Kubur dingapuro kabeh keluputane ditompo kabeh amale di paringi Nikmat Kubur illa nyaumil Qiamat. ugo dedonggo kanggo keluargo seng ijek sugeng neng Alam dunyo kaparingan tetep Iman Lan Islame, pikantuk berkah uripe, berkah Rizqine, berkah Ibadahe, sholeh sholekhan keturunane. AMIIN.

 

*

*

*


Dipost : 25 Maret 2022 | Dilihat : 585

Share :